Senin, 02 Juli 2012

It's over, get ready to move on


(draf 02 Juli 2012)

nek judule koyo ngono njuk sing meh tak tulis kira-kira isine apa ya?  perkara gawean, bal-balan, sepedaan, ati, apa perkara sing becik kudu dipikir kaping pitu sadurunge tumindak.. Wes sayektine iki dudu perkara ingkang remeh utawa iso disepelek'e. Apa jal.. lha ko malah nglantur nganggo boso resmi.. mbalik basa ngoko wae yo dab, rek, sam, kang, ji, ndes, etc... hehehe nek iki mesti mudeng..

langsung wae, aku dudu wong kang iso gampang nglakoni urip tanpa rasa, saben perkara ra bakal liwat tanpa dirasa, ya mesti rasa saka ati. iki dudu perkara rasa tresna marang keturunane Siti Hawa, tapi iki babat kekancanan, paseduluran, friendship nek wong londo omong.. Yo, iki tulisan kanggo ngelingke awakku, bab uripku kebak karo ujian.

sa'dalan nggonku nyambut gawe, kurang luwih 6 taun iki, ana perkara sing kadang dadi pikiran, njero malah. yo apa maneh nek dudu masalah mbagi tugas and benefit'e. Wes dadi semestine sing akeh gawene mesti akeh benefit sing diolehi, lan sewalik'e. Ning kadang ora kudu kaya ngunu, malah ora sithik sing kewalik. Sing akeh gawene malah sithik kasile. Iki sing gawe sesek ng dada. Yo pancen aku ngalami dhewe, ora mung kaping pisan. Kadang yo kesel, iki menungsa.. iyo to.. Tapi sing luwih gawe nesu iki nek iki wes mlebu ng sistem n mergo "like and dislike wae" dadi "mantri jero" ng babadan mutus perkara.

Terus ko ra nyambung karo irah-irah ana dhuwur mau??
hehe.. iki nyambung yo, It's over utomo wayahe wes entek, yo entek kanggo dalan pikir utawa laku sing ora becik wes dudu jamane. Terus move on seka budaya sing kurang becik mau nuju laku sing ndukung profesionalisme, keadilan, lan "right man on the right place". Umpama budaya ingkang kurang becik iki diteruske utawa aku dhewe ora cepet pindah bakal susah uripku sesuk, apa maneh nek rejeki sing kanggo nguripi anak-bojo (cie cie apa jal) dudu rejeki ingkang barokah, wedi mung dadi bala. Terus sistem negara iki juga bakal gawe mandheg cita-cita reformasi birokrasi sing digembor-gemborke. Aja nganti!! Rejeki sampun diatur, tansah iri dengki. Kawula mung saderma, mobah-mosik kersaning Gusti ingkang Maha Adil.

Eling maneh, kabeh tulisan iki kanggo ngelingke awakku dhewe, saluwihe kanggo sing maca. Sajeroning mikir, mangesthi lan mangastuti, alhamdulillah dipariwingi "pitedhah" prinsip ingkang langkung sae tumrap perkara mau iku. Apa (pegawean) sing ora aku lakoni, aja nganti nuntut apa sing luwih seka hakmu. Sewalike, ora perlu nampa apa-apa sing luwih seka apa sing tak garap (pegawean). Iki katon wagu and idealis, ning yo iki sing kudu tak lakoni, kudu tak ugemi. Legawa lair satrusing batin. Mung kelingan apa-apa mau bakal dijaluki pertanggungjawaban wonten dina tanpa iso ana sing ditutupi. Insyaallah aku bakal terus belajar ambeg utama lan andhap asor,, Dongaku tetep istiqomah nganti khusnul khatimah.. Amin.

Mung donga ingkang kathah dipun sembah kagem Rabb ingkang Murah Rezeki, ingkang Maha Adil, lan ingkang Tanpa Lena. Muga dipun paringi rejeki ingkang barakah, manfaat, sekedhik lan kathahipun.
Allahumma inni asaluka 'ilman naafi'an warizqon thoyyiban wa'amalan mutaqabbalan..
Amin ya Rabbal'alamin.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar